Top Ad unit 728 × 90

Buku Gratis

Kultum Basa Jawa Doa Ingkang Mustajab


Pangandaran Share - Kultum Basa Jawa Doa Ingkang Mustajab

Alhamdulillah, Berikut ini Teks Kultum dengan bahasa Jawa

mangga sami tansah memuji syukur dumateng ngarsaning Allah subhanahu wata'ala. Ingkang sampun maringi kanikmatan, rizki, rahmat ugi hidayah, arupi kesehatan, iman saha Islam.

Shalawat saha salam, katunjuk dumateng panutan kita Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam, ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa dateng margi ingkang leres.

Mugi rahmat saha salam, kaparingna dateng keluarga Nabi Muhammad shallallahu alaihi wasallam, poro sahabat, tabiin – tabi’ut-tabiin, sedaya umat muslim khususan ingkang kerso netepi ugi njagi sunah2ipun Rasulullah shallallahu alaihi wasallam. Insya Allah, mugi kalebet kula panjenengan sedaya.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Saklebetipun kito gesang wonten dunyo puniko mestinipun saben-saben tiyang gadahi panyuwunan, kepinginan, utawi cita-cita ingkang mawarni-warni. Sedoyo usaha dipun kerahaken kangge wujudtaken sedoyo ingkang dados keinginan kito. ananging saklebetipun kito usaha ampun ngantos kito supe dateng amalan ibadah ingkang saget paring kesuksesan inggih puniko Doa.

Jamaah ingkang minulyo

Saklebetipun Doa, selaku kaum muslimin kito kedah paring wigati dateng punopo maon ingkang saget dadosaken Doa dipun ijabahi lan penyebab doa ingkang tertolak.
Dene punopo kemawon ingkang saget dadosaken doa dipun ijabahi, antaranipun:


1. Ikhlas saklebetipun doa.


Meniko modal ingkang utami supados doa kito dipun ijabahi Alloh.
Allah Ta’ala berfirman,


فَادْعُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ

“Maka sembahlah Allah dengan memurnikan ibadah kepada-Nya, meskipun orang-orang kafir tidak menyukai(nya).” (QS. Al Mu’min: 14)


2. Kedah yakin doanipun terkabul.


Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,

ادْعُوا اللَّهَ وَأَنْتُمْ مُوقِنُونَ بِالإِجَابَةِ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ لاَ يَسْتَجِيبُ دُعَاءً مِنْ قَلْبٍ غَافِلٍ لاَهٍ


“Berdoalah kepada Allah dalam keadaan yakin akan dikabulkan, dan ketahuilah bahwa Allah tidak mengabulkan doa dari hati yang lalai.”

3. Nderek dateng tuntunanipun Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam


Allah Ta’ala berfirman,


لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِمَنْ كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآَخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيرًا


“Sesungguhnya telah ada pada (diri) Rasulullah itu suri teladan yang baik bagimu (yaitu) bagi orang yang mengharap (rahmat) Allah dan (kedatangan) hari kiamat dan Dia banyak menyebut Allah.” (QS. Al Ahzab: 21)

Rasululloh paring tuntunan kaitanipun kalian manjataken doa inggih puniko maos pujian dateng Alloh, shalawat dateng Rasululloh, Ndadep kiblat, lan wonten katah malih.


4. Kedah bener-bener manteb harapanipun.


Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda,


إِذَا دَعَا أَحَدُكُمْ فَلْيَعْزِمْ فِى الدُّعَاءِ وَلاَ يَقُلِ اللَّهُمَّ إِنْ شِئْتَ فَأَعْطِنِى فَإِنَّ اللَّهَ لاَ مُسْتَكْرِهَ لَهُ


“Jika salah seorang dari kalian berdoa hendaklah benar-benar mantap dalam mengharap, dan janganlah mengatakan: ‘Allahumma in syi’ta fa-a’thini (Ya Allah jika Engkau menghendaki maka berikanlah untukku), karena sesungguhnya Allah ‘azza wajalla tidak dalam tekanan.”


5. Mendet wekdal ingkang mustajab.


Milih wekdal ingkang sae kagem doa kados antaranipun adzan lan iqomah, sepertiga malam akhir, lan lintunipun.

Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken hamba Alloh ingkang manggihi kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin.

Demilianlah Kultum Basa Jawa dengan judul Doa Ingkang Mustajab


Jangan lupa untuk turut menyebarkan kebaikan dengan membagikan link "  Kultum Basa Jawa Doa Ingkang Mustajab " ini ke Facebook, Twitter, dan Google+ Anda. Semoga Allah Ta’ala membalas kebaikan Anda semua keberkahan menyebarkan Ilmu In Syaa Allah anda dapatkan.
Kultum Basa Jawa Doa Ingkang Mustajab Reviewed by Pangandaran on 23:44 Rating: 5

3 comments:

  1. artikel yang sangat menarik sekali , terimakasih ..

    ReplyDelete
    Replies
    1. iya Afwan, Jazakallahu khoir

      Jangan lupa, untuk turut menyebarkan kebaikan dengan membagikan link ini ke Facebook, Twitter, dan Google+ Anda.

      Semoga Allah Ta’ala membalas kebaikan Kita semua.

      Delete
  2. Sanese tema judul kulo tenggo josss

    ReplyDelete

All Rights Reserved by Salafy Pangandaran © 2014 - 2015
Powered By Blogger, Designed by Sweetheme

Contact Form

Name

Email *

Message *

Powered by Blogger.